Pranatacara Temanten Ringkes

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Allkhamuililah alkhamdulilahirobil allamin wabiinastain waalakhumuridhuyawadin waalla alihi waaskhbihi aj’main amaa baad….

Karaharjan, katentreman, karahayon, miwah kamulyan mugi tansah tinampiha ing sesami.

Kula nuwun,

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh para pinisepuh ingkamg hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pana ing pamawas lebda ing pitutur ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

Dhumateng panjenenganipun para satrianing nagari, para sarjana sujaning budi ingkang dados pandom pandeneming para kawula dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Dhumateng panjenenganipun para alim, ulama dalasan para santri ingkang siyang ratri dhatan kendhat pamedharing kitab suci minangka pinuntun kiblating panembah ingkang tuhu luhuring budi.

Dhumateng panjenenganipun bapa  ………………………………………………….(kadang besan) sarombongan sapangomgyong ingkang tuhu winengku ing suka basuki.

Waradin  Panjenenganipun para tamu kakung putri ingkang dhahat kalingga murdhaning akrami.

Nyuwun idi palilah dhene kula cumantaka marak mangersa hangempil kamardikan panjenengan ingkang katemben mawan pangandikan labet nuwuni dawuh kinen ngaturaken rantamaning adicara dauping kang putra kinasih nun inggih kang asesilih Rara Ayu…………………….kenya siwi saking panjenenganipun bapa ……………… ibu ……….. dhaub suci kaliyan Bagus ……….. putra atmaja saking penjenenganipun bapa………….. ibu ………… ingkang mijil saking tlatah …………….

Hamung kewala sakdherengipun kanthi linimbaran trapsila ing budi miwah tulusing raos, sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos puji syukur dumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana awit saha wilasanipun temah mahani panjenengan lan kula saged pepenggihan manunggal silaturahmi wonten ing bale griyanipun bapa ……….  kanthi rahayu wilujeng niskala. Amiiiiiin……………

Boten katalumpen sholawat salam mugi tetep kaaturaken dhumateng Nabi agung Muhammad SAW, ingkang sampun kepareng beciki akhlaq umatipun saha ingkang kita ajeg-ajeg safaatipun benjang wonten ing yaumul qiyamah.

Sagung para tamu kakung putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.

Wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun, rinacak rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih ingkang angka setunggal inggih punika

  • Pambuka, miwah  adicara ing enjing/siyang/dalu punika mugi-mugi pikantuk ridhaning Allah SWT, pramila sumangga kita bikak kanthi waosan basmalah sesarengan  sumangga kula dherekaken BISMILLAHIROHMANIRROHIIM …
  • Adicara  ingkang angka kalih inggih punika atur pambagyaharja saking panjenenganipun bapa ……………(mengku gati) ingkang lumantar panjenenganipun bapa ……………… sasana miwah pambyawara, kasumanggaaken.
  • Adicara ingkang angka tiga Dhawuh pangandika pasrah/panampi pasrah

Wondene  dhawuh pangandika pasrah saking panjenenganipun bapa …………… badhe dipun sarirani dening panjenenganipun bapa……………………….. sasana wiwah pambyawara kasumanggaaken

…………………………………………..pasrah……………………………………………………………..

Tatas, titis tata trewaca datan tumpang suh atur pangandika pasrah saking panjenenganipun bapa………ingkang lumantar bapa ………………wondene atur panampi pasrah saking panjenenganipun bapa………………badhe dipun sarirani dening panjenenganipun bapa……………….. sasana wiwah pambyawara kasumanggaaken nuwun.

…………………………………………………panampi…………………………………………………………………

  • Sajak sampun dumugi purnaning adicara, kangge sangune lampah sri atmaja kekalih anggenira ambyur ing samudraning bebrayan, murih pikantuk berkah, rahmat saha hidayahipun Gusti Kang Murbeng Jagat, keparengan konjuk dhumateng Rama Kyai ………………….., mangarsani panjurunging donga. Sasana pangandikan kula aturaken.

………………………………………. Panjurung Donga …………………………………..

Mugi kanthi panjurunge donga kalawau, sageda ugi sumrambah dumateng kita sedaya saengga tansah pinaringan pangayomaning Gusti Allah SWT, saengga saparipurnaning pahargyan punika mangke, kula dalah panjenengan sami tansah ginanjar wilujeng, bagaswaras boten kirang sawiji punapa. Amin. Lan sumangga adicara menika kita pungkasi sesarengan kanthi munjokaken raos puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi kanthi atur hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirobil’alamin. Kula minangka pranata cara tartamtu kathah klenta-klentunipun anggen kula matur saha kirang subasita miwah tata sulia, awit saking cubluing pangertosan miwah kiranging sesrepan tebih saking kasampurnan pramila kula nyuwun gunging  sih samudraning pangaksama. Minangka tutuping atur Akhirukhalam biilahitaufiqwalhidayah.

Wassalamuallaikum. Wr.wb

Nuwun

Comments 8,594

Tinggalkan Balasan ke Davidhor Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *