SESORAH AMBAL WARSA KAMARDIKAN REPUBLIK INDONESIA INGKANG KAPING 77

Assallamu ‘allaikum warahmatullahi wa barakatuh

Kula nuwun,

Dhumateng panjenenganipun Kepala SMK Negeri 1 Pacitan ingkang dhahat kinurmatan.

Dhumateng panjenenganipun Bapak/Ibu guru, Bapak/Ibu karyawan/karyawati SMK Negeri 1 ingkang kula bekteni saha  para kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani.

Nyuwun idi palilah dene kula ngadeg wonten ing mriki badhe  sesorah kanti irah-irah ambal warsa kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 77 hananging sakdherengipun kanthi linimbaran trapsila ing budi miwah tulusing raos, sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos puji syukur dumateng ngarsa dalem ALLAH SWT, karana awit asih saha wilasanipun mahani panjenengan lan kula saged pepenggihan wonten ing adicara pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 77 ing siyang punika kanthi boten wonten aral punapa. Amiiiiiin

Dhumateng para rawuh ingkang dahat sinudarsana.

Mangga sami dipun emut-emut, mangga sami dipun galih kados pundhi perjuanganipun para pahlawan, badhe nggayuh kamardikan punika. Panjenenganipun boten namung ngorbanane bandha donya, raja brana, nanging panjenenganipun ngantos ngorbanaken wutahing ludira saha boten sekedik ingkang ngantos ngorbanaken nyawa kangge nenggih kamardikan punika. Pramila sumangga kita sami tansah nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa, mugi para pejuang kusumaning bangsa punika tansah dipun ngapura dosa kalepatanipun saha dipun wuwuhana amal kesaenanipun, sahingga saged manggen ing swarga ing alamipun. Amiiin….

Para rawuh saha para kanca ingkang satuhu kula tresnani.

Saking perjuanganipun para pahlawan punika, kita ingkang nampi sekecanipun, kita ingang nglampahi pagesangan ing kamardikan. Pramila mangga dipun isi kamardikan punika kanthi tumindak ingkang boten nglanggar tata krama, becik tata krama nagara tuwin tata krama agama. Kita kawula mudha ing pawiyatan tansah temen anggenipun sekolah, ngabekti dhumateng rama lan ibu, nglampahi punapa dawuhipun Bapak lan Ibu guru saha njagi pasederean ing bebrayan, senajan benten basa, benten suku, saha benten agama, ananging kita tetep setunggal bangsa inggih punika, bangsa Indonesia.  Kados sampun kaserat ing Pancasila minangka dasaring nagara inggih punika “Bhineka Tunggal Ika” senajan benten-benten ananging tetep setunggal.

Kula kinten cekap semanten sesorah saking kula, tartamtu kathah klenta-klentunipun anggen kula matur saha kirang mrahanani dhumateng panjenengan sami, hanamung ing pangajab mugi-mugi woten gina lan manfaatipun dhumateng panjenengan lan kula. Minangka tutuping atur kanthi sesanti” Rumangsa Melu Handarbeni, Wajib Melu Hangkrungkebi, Mulad Sarira Hangrasa Wani”

Merdeka!

Merdeka!!

Merdeka!!!

Wassalamu allaikum. Wr.wb

Nuwun, nuwun, matur nuwun.